WARNING! Artikel ini bengandung bahasa jawa. bagi yang nggak tau, yaudah~
sa’durunge seng perlu di garisi nang kene “IKI JAREKU, GAK PEDULI OPO JARE WONG, SENG PENTING IKI PENDAPATKU IKI TULISANKU!”
oke langsung ae, wuakeh arek seng takon karo ngomong nang aku :
1. opo seh artine jancok?
2. jancok iku duso lho!
mboh sopo seng mulai ngomong jancok, gak ono
seng ngerti! pokoke sa’weruhku AREK SUROBOYO seng pertama kali ngomong
iku! lek disadari seh “biyen awale” iku podo karo artine karo ngencuk
(bersetubuh) tapi..tapi..tapi kata jancok iki ngalami perluasan kata.
lek saiki jancok iku lek jareku dadi kata seng melok’i “expresi”
contoh :
“jancok, lali gak nggawa duwek cok!”
“hei jancok, yo’opo kabarmu cok?”
“jancok, aku lulus sekolah cok!”
pas seneng ngomong jancok, pas susah ngomong jancok, pas lapo ae yo jancok!
trus opo bedane karo FUCK?
saiki aku takon opo artine FUCK? ngencuk?
padahal asline fuck iku gak ono hubungane karo artine ngencuk. fuck iku
biyen teko singkatan Fornication Under Consent of The King (Hubungan intim telah mendapatkan ijin dari raja).
bingung kok singkatane ngunu?
ngene critane, pas jaman biyen nang inggris
iku kabeh aturan diatur raja, sampe nang urusan nggawe anak/ngencuk! nah
gawe seng pengen ngencuk opo nggawe anak iku kudu ijin nang raja, seng
oleh ijin bakal oleh tanda tulisan FUCK seng dideleh nang ngarepe lawang
omahe wong seng apene ngencuk iku!
saiki…
kedadeane FUCK karo jancok iki podo ae
asline, FUCK akhire ngalami perluasan kata seng asale singkatan teko
raja inggris, akhire artine iso dadi ngencuk, tapi pas jaman saiki kata
fuck iki ngalami perluasan kata maneh, lek gawe wong inggris iku kata
seng melok’i “expresi”
pisan podo koyo’ jancok.
tapi lek ngomong jancok karo fuck iku duso lho!
sopo seng ngomong duso? pasti dudu teko awakmu dewe toh? pasti dudu teko pikiranmu dewe toh? LEK JAREKU lho yo, jancok iku gak duso! saiki opo seng nggarai jancok iku dadi duso? opo gara-gara seng dipada’no karo ngencuk? LEK JAREKU jancok gk ono hubungane karo agama, tapi jancok iku mek masalah ETIKA karo mindset pikiranmu!
Seng jelas awakmu kudu ngerti panggon
pas misuh, ono sopo nang kono, koncomu opo wong tuwomu. soale gak kabeh
wong iso nrimo lek ono wong seng lambene misah-misuh ae. opo maneh lek
dudu arek suroboyo.
awakmu ngomong jancok karo sopo? pas ono
sopo? lek nang wong seng luweh tuwek seng gak ngerteni paling-paling mek
ditapuk lambemu, nah lek misuhi wong seng ngerti paling yo dibales
pisuhan yoan! tapi cobaen nang arek seng sa’pantaran awakmu, opo maneh
koncomu dewe, paling yo dijarno ae, paling malah pisuh-pisuhan. malah
ngguyu-ngguyu bareng!
pas posoan = gak misuh?
sepurane aku dudu wong seng MUNAFIK pisan, gara-gara poso terus aku mandeg misuh, trus pas wes mari posoan misuh maneh! iku berarti aku munafik!
Seng diarani wong munafik iku termasuk
seng rai pabrikan pasar turi tapi pas misuh ngomong Fuck dudu jancok!
Ce’ luwih keren ngunu tah? -_-
aku ngomong ngene dudu nggarai awakmu kudu
misuh-misuh saben dino, saben jam, iki mek pendapatku ae. iki ngunu
jareku, gak peduli cangkeme wong liyo. soale aku sadar pas nulis iki
pasti ono ae wong seng PRO karo KONTRA tapi iku pancen pendapat wong beda-beda, tapi AKU GAK NGURUS! :)
sepurane lek basaku campur-campur, soale aku mek pengen tulisanku gampang di ngerteni
nedho nrimo dulur :)